NALIKA sing diduweni lan diaji-aji dumadakan didhaku liyan, wes samestine kita nesu? Nalika seng diganta-ganta lan diupakara jebul dirusak dening tangan culika, wis kudune kita nesu? Nanging ati-ati, merga yen waton nesu, bisa-bisa malah mbatalake laku.
Sabar iku perlu. Nahan hawa nepsu perlu. Nanging ora banjur ateges nesu iku ora perlu. Perlu. Wong perlu nesu, malah bisa diarani kudu bisa nesu. Coba bayangake yen ana wong lanang, mangka ngerti bojone lagi digonjak dening wong lanang liya tetep meneng wae. Sabar alesane. Mesthi bakal nuwuhake tanda pitakon, wong kaya ngono kuwi lanang tenang apa mung lanang-lanangan. Utawa, upama lanang tenan, dudu jinise wong lanang seng nduwe tanggung jawab.
”Sedumuk bathuk senyari bumi, cilik dijiwit anake, gede dijawat bojone, direwangi pecahing jaja wutahing ludira”. Kuwi unen-unen sing kudune dilabuhi saben wong lanang. Klebu, yen perlu kanthi nesu!
Merga apa? Merga kanti nesu, temene deweke lagi nuduhake tanggung jawabe. Uga kewanene. Sebab, mokal wong wani nesu yen ora nduwe kewanen. Kewanen iku kang dadi landesane. Kanthi kewanen, kanti tanggung jawabe, kanthi nesune, pranyata deweke bisa mratelakake diri minangka wong lanang seng ora mung ”rumangsa andarbeni”, nanging uga wani ”angrungkebi”.
Sanajan ”mung” nesu, ora angger wong wani nesu. Seng diwedeni ora merga nesune, nanging sapa sing dinesoni. Gampange, mokal wong bakal nesoni wong liya yen deweke ora wani karo wong mau. Dene kewanen mau landesane werna-werna. Upamane merga kekuwatane sing luwih onjo tinimbang sing dinesoni utawa pangkate seng luwih duwur. Saora-orane padha. Saupama pangkate luwih endhek, mesti ana alesan liyane. Yen ora? Nekad jenenge.
Nanging nekad uga ora mesti ateges ngawur. Merga jroning nekad, sok-sok thukul kekuwatan anyar, kekuwatan seng sadurunge ora kenyana-nyana. Ewasemono, mesti wae ora saben nekad bakal nuwuhake kekuwatan mengkono lan asile uga bakal apik.
Nesu pancen bisa kanggo nggugah kekuwatan seng sadurunge sumimpen.
Tumrap seng nduwe kekuwatan, bisa wae nesu kanti ngamuk. Nanging kanggone seng ringkih utawa bakal kalah yen ngamuk, sok-sok mutung dadi pilihan. Iki uga mujudake ekspresine wong nesu, luwih-luwih sing dasare duwe watek cegok aten.
Yen ngamuk lan mutung akibate bisa asipat negatif, mesti wae yen ngono ora kabeh nesu iku perlu merga ora apik. Apik kuwi bisa ditaker, ora mung saka niyate, ora mung saka lakune, nanging uga saka akibat seng ditimbulake. Telu-telune kudu bareng dadi takeran.
Upamane, nesu marang wong sing pancen ora bisa dinesone, ya kanggo apa maneh? Luwih becik energi sing kanggo nesu disalurake kanggo tumindak liyane sing luwih nduwe manfaat.
Ana maneh sing luwih perlu digatekake. Prayoga ora ngadepi wong nesu kanti nesu. Ibarate lenga karo geni, ketemu mesti dadi mak bel. Yen wong nesu ketemu karo wong nesu, mokal karampungane dadi luwih apik.
Semono uga, ora gampang kepancing nepsu iku luwih utama tinimbang nesu. Jalaran saben nesu kerep-kerepe banjur dadi kurang waspada, yen orang malah dadi lali. Mula marang kang nesu, lumrah dikandani supaya eling.
Nesu pancen perlu, nanging sisip sembire ana kurang begjane bisa mbilaeni. Nesu pancen perlu, kuwi yen bener niyate, yen pener pangreksane, lan apik uga akibate. Yen ora, mung gawe cabare laku, Sebab, nesu yen ora kepeneran, bisa-bisa malah gawe gede lan gumedene sing dinesoni.
- dee java
- Aku adalah aku....!!Aku hanya manusia biasa yg punya salah & khilaf..
Isi Postingan
- __LeLuCoN__ (2)
- __WiSaTa__ (1)
- __ZoDiAk__ (1)
- Agama (7)
- FriEnD's (2)
- Kejawen (2)
- PaHLaWaN DeViSa (2)
- UmuM (3)
No comments:
Post a Comment