.:BATANG INFO::.


9/23/2009

HOTSPOT di Alun-alun Batang


Berikut ini adalah area HOTSPOT yang ada di Batang :
1. Alun-alun Batang

2. Bank BPD Jateng

3. Kantor Pajak Batang

4. Perpustakaan Batang

5. Cafe Coffe Doeloe

6. SMA N 1 Batang

7. SMK N 1 Batang

Selamat menikmati fasilitas HOTSPOT dialun2 Mbatang
Semoga dengan adanya fasilitas HOTSPOT ini bisa bermanfaat bagi kita semua.
Khususnya bagi masyarakat Batang,amin...
Mari kita jadikan Batang sebagai kota"Multimedia"
Maju bersama Open Source"Batang Linux Community


sumber:Om Adhi


[+/-] Selengkapnya...

9/12/2009

It's Not Long Bean Alias Dudu Kacang Lanjaran



"Asem!"pisuhku karo mrengut.lambeku seng maju setengah senti iki malah ketambahan maju nek aku mrengut ngene iki,Yo ben!
aku lungguh dheleg-dheleg nimbang tetambungan kang keprungu setengah jam kepungkur."Halah wong kacang kuwi ora ninggal lanjaran!"kandane Lik Yuti karo mendhelik lan mencap-mencap nyawang aku.
Lik Yuti kuwi bojone pak RT,seng omahe mentereng cet-cetan abang ing pinggir desa.Wonge sepantaran kr simbokku umure,duw anak wedok kang aran Sari,kancaku SD nalika semana.
Lik Yuti kuwi raine bunder kaya semangka,bokonge semok sak tampah gedene.Nek mlaku pangiraku kaya onde2 raksasa lg nglundong.Ewasemono lambene sing nggedibel kaya kue moho.Nek omng waton wae ora ngomong nganggo waton.
"Asem tenan!"bacutku misuh.Jenggirat aku ngadek,kelingan nek aku dipercaya masak sega jagung dina iki.sega jagung iki kudu mateng ing sakjroning sejam,kandaku marang awakku dewe.Bapak mesti wes luwe merga isuk mau ora sarapan apa2.Kopi wae ya ra ngombe merga kesusu nalika sawah sing sewengi ketibah udan gede.
"Nduk,mengko ngurap yo!kuwi godong pohong,godong luntas,godong kates,kacang lan cambah wes simawis.Klapane nyenggrek o ngarep omah kuwi.Aku tak nyusul bapakmu karo ngawa kopi,"welinge simbok karo upyek ngracik kopi.
Oalah dadi wedus maneh!Wingi wes mangan jangan lodeh rembayung,saiki mangan urap gek nganggo sego jagung pisan,lha apa ora sereden,pikirku.sanajanna ngono ya seh mending ketimbang biasane nek aku kuliah neng Semarang ki mangane mung karo sega kucing.sing yen dipangan ki ora ana sepojok e wetengku.
Tanpa wangsulanku simbok mangkat nyusul bapak aneng sawah.Lan aku tanpa suwala masak.sekabehaning mateng jroning sejam setengah.sega jagung,urap lan lawuhe gereh asin.
Tak tata rantang gawe ngirim bapak,siji tak iseni sega jagung,siji tak iseni urap karo gereh asin lan sijine maneh bubur jagung sing tak sisiri gula jawa ing duwure.
Humm...anak wedok tenan aku!
"Dhahar riyen pak!"pambengokku sewise tumeka ana ing sawah.
Bapak katok gagah nganggo caping pring lansuwal komprang dene simbokkku uga ora kalah nganggo klambi kebayak lawas sing ditaleni ing ngarep udele.Lelorone katon reged dening lumpur sawah.Galeng sisih kidul jebol,lan bedengan wineh kuwi klelepan banyu.
Bapak mentas saka sawah,nyangga pacul aneng pundhak e,simbok tutwuri.
Nyawang kekarone sing rukun ngono kuwi aku rumangsa ayem,Opo ya sekirane mbesuk aku lan bojoku kaya dene bapak lan simbok,pitakonku marang awakku dewe.Dumadakan tetembung kang kinucap dening Lik Yuti njedul ing pangangenku.Nadekake aku kemrungsung sing ora sak pantese.
"Nyapo to nduk kok dheleg2 wae ki?"pitakone bapak.
"Mboten napa-napa kok pak,"sumaurku.
"Iyo kok ket mau tak sawangke sajake seje,sumaute simbok.
Aku meneng.apa ya patut nek aku prasaja,nakokne samubarang kang wes dumadi tetahunan kepungkur?Apa yo patut nek aku ndedes bapa simbokku?Aku bingung,rasa pengin ngerti ngluwihi sak kabehane nanging rasa wedi,wedi yen to bakal natoni atine wong tuaku uga ora kalah gedene.
"Nduk,kok kacange mbok gawa kabeh to?Awakmu rak yo ngerti nek bapak iki ra seneng mangan kacang.Lha kacang kuwi kan biasane karemanmu to ndok?kandane bapak kanti ilat ora rena.
"Ora pak mangan kacang!"sumaurku sengol.Getun,ora biasane aku ngomong seru karo wong tua.Tapi wes kadung kinucap.
"Biyuh-biyuh...isuk2 wes purek karo kacang to ndok..?
"Pokok e ra pak mangan kacang,wegah!"
"Lho kawit kapan calon perawatku iki ra seneng mangan kacang oy?jarene kacang kuwi akeh protein sing migunani kanggo salira?"simbokku ngomong karo mesam-mesem.
"Lha kuwi mau to mbok kawet ketemu karo Lik Yuti.Kandane Lik Yuti ki"kacang kuwi ora ninggali lanjaran",sumaurku karo nerokne omongane Lik Yuti.
"Walah2,suk maneh ki omongono nek nandur kacang ki aja kacang lanjaran,kon nandur kacang brol utawa kacang tunggak wae"
Wong loro nguyu sajak ana seng lucu,apa sing lucu,pikirku.
"Lha kacang seng dikarepke ki sampean lho mbok,"
"We lha dalah...lha aku ki kacang?apa seng dikarepake kuwi kacang...."
"Lha jarene aku ki kemayu,keminter,seneng nggodani liyan kaya kacang ora niinggal lanjaran.Lha nek aku ayu ki yo wes ket biyen to mbok(merga aku wadon)lha nek aku pinter ki yo wes ket biyen to mbok?Tp nek diarani kaya kacang kuwi lho aku seng ora trima,apa maneh nggodani liyan,kapan to?"
"Halah wes seng sabar to ndok,wong kowe dewe rak wes ngerti yen watake wantune Yuti kuwi kaya kethek,senenge gawe geger liyan,deweke ki gatel nek ora nggegerke liyan,"
"Lha kacang lanjaran?pitakonku nylengit.
"Lha sing kacang lanjaran ki ya sapa?aku simbokmu iki?lha takonana karo bapakmu,nek aku ki kacang lanjaran apa ra dipegat ket biyen mula?
"Dudu kacang lanjaran ya mbok?Dadi tenan dudu kacang lanjaran tenan?
Dadi Lik Yuti ki mung gawe ontran2 tok wae ya mbok?
"Takon pakmu!"sumaure simbok sajak sumengit.
"Mbokmu kuwi ya ndok,wanita sing utama.paribasan Srikandhi wae kalah yen ditandingke karo simbokmu,"
"Halah si Yuti ki palingo seh jengkel karo aku,soale den mas Arjuna ,ya kuwi bapakmu dadi duwekku.
"Dadi bener dudu kacang lanjaran to?dudu kacang lanjaran tenan?
Aku mesem,rumangsa bungah lan lega ing jeroning dadaku.Pungkasane mung kethek elek sing gawe ontran2 wae,pungkasane dudu kacang lanjaran,it's not longbean.Hoyeeee!





[+/-] Selengkapnya...

9/03/2009

Ne(p)su sing Perlu


NALIKA sing diduweni lan diaji-aji dumadakan didhaku liyan, wes samestine kita nesu? Nalika seng diganta-ganta lan diupakara jebul dirusak dening tangan culika, wis kudune kita nesu? Nanging ati-ati, merga yen waton nesu, bisa-bisa malah mbatalake laku.

Sabar iku perlu. Nahan hawa nepsu perlu. Nanging ora banjur ateges nesu iku ora perlu. Perlu. Wong perlu nesu, malah bisa diarani kudu bisa nesu. Coba bayangake yen ana wong lanang, mangka ngerti bojone lagi digonjak dening wong lanang liya tetep meneng wae. Sabar alesane. Mesthi bakal nuwuhake tanda pitakon, wong kaya ngono kuwi lanang tenang apa mung lanang-lanangan. Utawa, upama lanang tenan, dudu jinise wong lanang seng nduwe tanggung jawab.
”Sedumuk bathuk senyari bumi, cilik dijiwit anake, gede dijawat bojone, direwangi pecahing jaja wutahing ludira”. Kuwi unen-unen sing kudune dilabuhi saben wong lanang. Klebu, yen perlu kanthi nesu!
Merga apa? Merga kanti nesu, temene deweke lagi nuduhake tanggung jawabe. Uga kewanene. Sebab, mokal wong wani nesu yen ora nduwe kewanen. Kewanen iku kang dadi landesane. Kanthi kewanen, kanti tanggung jawabe, kanthi nesune, pranyata deweke bisa mratelakake diri minangka wong lanang seng ora mung ”rumangsa andarbeni”, nanging uga wani ”angrungkebi”.
Sanajan ”mung” nesu, ora angger wong wani nesu. Seng diwedeni ora merga nesune, nanging sapa sing dinesoni. Gampange, mokal wong bakal nesoni wong liya yen deweke ora wani karo wong mau. Dene kewanen mau landesane werna-werna. Upamane merga kekuwatane sing luwih onjo tinimbang sing dinesoni utawa pangkate seng luwih duwur. Saora-orane padha. Saupama pangkate luwih endhek, mesti ana alesan liyane. Yen ora? Nekad jenenge.
Nanging nekad uga ora mesti ateges ngawur. Merga jroning nekad, sok-sok thukul kekuwatan anyar, kekuwatan seng sadurunge ora kenyana-nyana. Ewasemono, mesti wae ora saben nekad bakal nuwuhake kekuwatan mengkono lan asile uga bakal apik.
Nesu pancen bisa kanggo nggugah kekuwatan seng sadurunge sumimpen.
Tumrap seng nduwe kekuwatan, bisa wae nesu kanti ngamuk. Nanging kanggone seng ringkih utawa bakal kalah yen ngamuk, sok-sok mutung dadi pilihan. Iki uga mujudake ekspresine wong nesu, luwih-luwih sing dasare duwe watek cegok aten.
Yen ngamuk lan mutung akibate bisa asipat negatif, mesti wae yen ngono ora kabeh nesu iku perlu merga ora apik. Apik kuwi bisa ditaker, ora mung saka niyate, ora mung saka lakune, nanging uga saka akibat seng ditimbulake. Telu-telune kudu bareng dadi takeran.
Upamane, nesu marang wong sing pancen ora bisa dinesone, ya kanggo apa maneh? Luwih becik energi sing kanggo nesu disalurake kanggo tumindak liyane sing luwih nduwe manfaat.
Ana maneh sing luwih perlu digatekake. Prayoga ora ngadepi wong nesu kanti nesu. Ibarate lenga karo geni, ketemu mesti dadi mak bel. Yen wong nesu ketemu karo wong nesu, mokal karampungane dadi luwih apik.
Semono uga, ora gampang kepancing nepsu iku luwih utama tinimbang nesu. Jalaran saben nesu kerep-kerepe banjur dadi kurang waspada, yen orang malah dadi lali. Mula marang kang nesu, lumrah dikandani supaya eling.

Nesu pancen perlu, nanging sisip sembire ana kurang begjane bisa mbilaeni. Nesu pancen perlu, kuwi yen bener niyate, yen pener pangreksane, lan apik uga akibate. Yen ora, mung gawe cabare laku, Sebab, nesu yen ora kepeneran, bisa-bisa malah gawe gede lan gumedene sing dinesoni.






[+/-] Selengkapnya...


 

Blog Template by winda Every. Sponsored by Business Web Hosting Reviews